Naskah Lomba Pidato Bahasa Jawa

Naskah pidato bahasa (basa) Jawa ini pernah dipergunakan dalam Lomba Pidato bahasa Jawa Kompetensi Siswa Madrasah Kab. Pati. Naskah pidato basa Jawa ini bertemakan Budi Pekerti Luhur.

DSC01944

Langsung saja inilah naskah pidato bahasa (basa) Jawa tersebut.

NASKAH PIDATO BAHASA JAWA

“Budi Pekerti Luhur”

Poro juri engkang kinormatan,

Sesepuh dalasan pinisepuh engkang kinormatan,

Rencang-rencang engkang kaulo tresnani,

Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh,

Sakderenge kawula matur, mangga kitha sami-sami munjuk raos syukur wonten ngarsanipun Allah murba ing dumadi. Wondene ing wedal punika kitha tasih saged ngraosaken endahing iman soho Islam. Kaping kalih ipun shalawat soho salam mugi tansah kalimpahaken dumateng jujungan kito nabi Muhammad solallahu alaihi wasalam ingkang sampun nedah aken kito margi engkang leres.

Para sederek sedoyo enkang kinormatan,

Dalem bingah sanget wonten wekdal meniko, amargi kitha sami saged ngangsu kawruh babakan budi pekerti engkang luhur. Agami islam mrehatosaken sanget babakan budi pekerti ingkang luhur. Kanjeng nabi Muhammad solallahu alaihi wasalam kautus wonten ing alam dunya supados nyampurnaaken budi pekerti. Kasebat woten kitab suci Alqur’an; Wainnaka la’alaa khuluqin adziim. Ingkang artosipun mekaten: saktemene jroning tindak tanduk rosululoh niku woten budi pekerti engkang luhur. Ugi Dipun jelasaken wonten ing sabdonipun Rasulullah Sollahu alaihi wasalam ingkang surasanipun; Innama buistu liutammima makarimal akhlaq. Artosipun kirang langkung, sak temene Ingsun dipun utus kagem nyampurnaaken budi pekerti.

Para sederek sedoyo engkang kinormatan,

Dados sampun cetha wela-wela, bilih tiyang islam kedah nggadahi budi pekerti ingkang luhur. Budi pekerti ingkang luhur inggih punika sedaya tindak tanduk ingkang sae. Ingkang natrapi paugeranipun agami islam.

Sagunging para rawuh dahat kinormatan,

Salah satunggaling sorah budi pekerti ingkang luhur inggih punika kitha kedah nggadahi andap asor dumateng tiyang ingkang langkung sepuh. Umpaminipun unggah ungguh murid kaliyan Bapak soho Ibu guru. Ugi unggah ungguh dumateng tiyang sepuh kekalih, para tangga, lan sedoyo tiyang sanes. Mboten kesupen kaliyan poro mitro soho konco.

Menawi kitha saget mbiasakaken budi pekerti ingkang luhur wonten sedaya papan saha panggenan, kitha saget gesang guyup rukun loh jinawe tata tentrem karta raharja.

Para sederek ingkang kawula tresnani,

Kawula kinten cekap semanten. Mbok bilih wonten purwa, madya, soho purna ceweting atur kawula ingkang boten mranani wonten penggalih panjenengan sami, kawula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.

Itulah naskah pidato basa (bahasa) Jawa yang dapat kami share di sini. Semoga memberikan manfaat bagi pembaca semua.

2 Comments

Silakan tinggalkan komentar dengan bahasa santun

Post a Comment

Silakan tinggalkan komentar dengan bahasa santun

Previous Post Next Post